Text
Mardika basa lan sastra jawa: piwulang basa jawa muatan lokal wajib Jawa Tengah kanggo SMP/MTs kelas VII
Buku Mardika Basa lan Sastra Jawa dipunlarasaken kaliyan Capaian Pembelajaran (CP) Muatan Lokal Bahasa Jawa pada Kurikulum Merdeka, adhedhasar Surat Keputusan Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah Nomor 423.5/04678 ing Lampiran II. Buku punika mligi kaginakaken minangka sumber lan bahan piwulangan murid ing tataran (fase) D. Buku punika kaajab saged mbiyantu para guru anggenipun mbudidaya nindakaken pasinaon ingkang munjeraken pasinaon dhateng murid. Buku punika ugi dipunracik kangge nyengkuyung program proyek penguatan profil pelajar Pancasila tataran (fase) D (SMP/MTs) ing laladan Provinsi Jawa Tengah, dipunkantheni maneka fitur satemah saged paring kalodhangan sinau ingkang langkung wiyar tebanipun.
No other version available